RANGKUMAN BAHASA JAWA

 A.           Serat Wedhatama Pupuh Pocung

1.             Paugeran lan Basa ing Tembang Macapat
a.             Pada : ing Basa Indonesia diarani ‘bait’, yaiku cacahe larik saben sapada tembang.
b.             Guru Gatra : Utawa kena diarani gatra yaiku larikan sajroning tembang sapada.
c.             Guru Lagu : timbaning suara vokal / menga (a,i,u,e,o) ing wanda pungkasane gatra. Ing Basa Indonesia diarani ‘persajaan’ nanging ning kene dijupuk swara vokal wae.
d.             Guru Wilangan : Cacahing wanda saben gatra.
e.             Guru Sastra : Panggandenge tetembungan kang kapener pedhotan sajroning gatra supaya surasana tembung ora ilang.
2.             Identifikasi Tembang Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku.
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese durangkara

a.             Guru Gatra ana 4
b.             Guru Wilangan : 12-6-8-12
c.             Guru Lagu : u-a-i-a
3.             Cangkriman
a.             Cangkriman : rumpakan utawa unen-unen kang kudu dibatang utawa di bedhek maksude.
b.             Jenis-jenise Cangkriman :
·                Wancahan
o      Tuladha
§    Wiwawite , lesbadhonge : uwi dawa uwite, tales amba godhonge
·                Irib-iriban :
o      Tuladha
§    Sega sakepel dirubung tinggi : Salak
·                Blenderan :
o      Tuladha
§    Wah wingi pasar ana geger-gegeran. Wong adhol pithik padha disrimpungi, wong adol klambi dikepruki, wong adol tempe diwudani, wong adhol mbako di wudani.
·                Cangkriman ing Tembang
o      Tuladha

Bapak Pocung dudu mega dudu mendhung
Dawa kaya ula
Ancik-ancik wesi miring
Lunga teka si pocung ngumbar swara

B.           Novel
1.             Tembung novel asale saka basa italia ‘Novies’ uga saka basa Latin ‘Novellus’ kang tegese anyar. Novel iku wujude karya sastra kang dawa / rowa lan wujude gancaran.
2.             Jenise Novel :
a.             Advontur : Isini crita ing sawijining paraga lumantar alure crita kang kronologis saka A nganti Z
b.             Psikologis : Kanggo sakebehane pikiran-pikiran saka para paraga.
c.             Detektif : Ceritane khusus kanggo usaha goleki bukti, kanthi cara paraga utawa tandha-tandha.
d.             Sosial Politik : Menehi gambaran antarane golongan kang memusuhan ing sawijing wektu.
3.             Titikan Novel :
a.             Tembung luwih saka 35.000
b.             Suwening wektu kanggo maca novel kang cepet saora-orane 2 jam.
c.             Gunggunge kaca wetara 100 kaca
d.             Gumenthung ing para lan menawa luwih saka saparaga
e.             Critane luwih saka siji impresi, efek lan emosi
f.              Ceritane dawa
g.             Seleksine cerita jembar
h.             Alur ora cepet
i.               Ora cekak aos ning akeh tembung utawa ukara kang dibola-baleni.
4.             Unsur Intrinsik Novel :
a.             Paraga : kang ngalami kadadean utawa kang kerep sinebut ing maneka kedadean ing carita.
b.             Alur : lumakune carita lumantar kadadean-kadadean saengga dadi crita kang utuh.
c.             Latar : setting ing karya fiksi kang arupa papan, wektu utawa kadadean, sarta duweni fungsi fisikal lan fungsi psikologis.
d.             Sudut Pandang : Carane pengarang maparake para paraga ing sajroning carita kang dilakoni.
e.             Gaya : Cara pengarang nyritake migunake basa kang endah.
f.              Majas : pamilihan tembung kanthi cara individual, frasa, klausa, ukara, lan nganti wacana jangkep.
g.             Tema : Gagasan kang dadi dasare sawijining crita saengga minangka fondasine pengarang nalika nyritake karya fiksi kang dikarang.
h.             Wewatakan : Tandha-tandha fisik non fisik saka paraga crita.
i.               Amanat : Pesen utawa bobot ajining crita.
5.             Unsur Ekstrinsik :
a.             Agama
b.             Moral
c.             Budaya
d.             Sosial
e.             Spirit
f.              Estetika
C.          Sesorahan
1.             Sesorahan : Micara utawa nglairake gagasan, panemu saran lisan ing sangarepe wong akeh.
2.             Jinise lan ancase sesorah :
a.             Sesorah lan medhar sabda : Tembung kang digunakake kanggo opo wae kang sifate umum.
b.             Ular-ular / wasita adi : Sesorahan kang ancas lan isine babagan kautamaan, pitutur becik, lan sapat nunggalipun.
c.             Pambagyaharja : Sesorah kang ancas lan isine kanggo nampa rawuhe para tamu
d.             Tanggap Sabda : Sesorah kang ancas lan isine kanggo nanggapi ature pambagyaharja
e.             Khotbah : Sesorah kang ancas lan isine mligi babagan agama
3.             Tujuane Sesorah :
a.             Ngaturake pambagya
b.             Ngaturi kabar / pawarta / informasi
c.             Atur lelipur
d.             Ngengajak
4.             Struktur Sesorah :
a.             Salam pambuka : uluk salam miturut agama kang dianut utawa njumbuhake marang kang ngrungokake sesorah
b.             Purwaka : Ngemot atur pakurmatan, mgonjukake puji syukur marang Gusti, atur panuwun marang para rawuh utawa tamu
c.             Surasa basa / isi / wigatining atur : wose sesorah, bisa tanggap wacana bisa pambagyaharja, uga  bisa sesorah liyane. Isini surasa biasa iku underan bab kang di wedharake.
d.             Dudutan : ringkesan isine sesorah.
e.             Pesen / pangarep-arep : Bab-bab sing dipesenake utawa dikarepake kanthi anane sesorah kang wis diwedharake.
f.              Wasana basa : Biyasane atur panuwun lan nyuwun pangapura tumrap sakabehe kaluputan sasuwene medharake sesorah.
g.             Salam Panutup : Atur panutup
5.      Metodhe / carane Sesorah :
a.             Metodhe Maca : Nindakake sesorah kanthi maca teks sesorah kang wis disiyapake sadurunge.
b.             Metodhe Ngapalake : Nyiapake teks sesorah kang jangkep luwih dhisik sadurunge nindakake sesorah banjur kaapalake.
c.             Metode Ekstemporan : Nyepakake tulisan kang dadi rangangan / cengkorongane sesorah.
d.             Metode Impromptu : Serta merta tegese nindakake sesorah tanpa ana persiyapan apa-apa.
6.             Carane gawe sesorah :
a.             Nemtokake temane sesorah
b.             Nemtokake ancase sesorah
c.             Ngumpulake bahan sesorah
d.             Gawe cengkorongan sesorah
e.             Gawe naskah sesorah saka cengkorongan mau
f.              Mangerteni wong kang ngrongoake
g.             Gladhen kanthi nyuwara
7.             Kajaba saka bab ing dhuwur, nalika nulis teks sesorah yang kudu nggambarake utawa ngentha-entah bab-bab ing ngisor iki, kayata :
a.             Eling marang tujuwane sesorah
b.             Ngayati isine sesorah
c.             Nandhesake pokok-pokok kang dadi bakune sesorah
d.             Ngerti bab-bab kang mung dadi tambahan sesorah
8.             Sing diperhatike nalika maca sesorah :
a.             Basa : Basa sing digunakake kudu cocog / laras karo sing diadhepi
b.             Busana : Sesorah prayogane migunakake busana kang becik lan sopan.
c.             Swara : Swara kudu kepenak dirungakake
d.             Solah bawa : Wong sesorah kudu manteb lan teteg, mandhep, madhep marang pamriksa, tangan ngapurancang, aja tumungkul lan aja ndhangak.
9.             Cak-cakane sikap lan bab-bab liya kang perlu di gatekake nalika nindhakake sesorah :
a.             Ngadeg jejeg kanthi kapitayan
b.             Ulat nyenengake
c.             Obahing sarira prasaja nanging tumanja
d.             Swara ora keseron nanging ora kelirihen
e.             Wiramaning swara kepenak lan pas saengga kepenak dirungokake
f.              Intonasi lan pamunggele tembung pas lan trep saengga maknane ukara bisa gampang dimangerteni
g.             Bisa njumbuhake karo kahanan lan swanane
10.         Pantangan nalika maca sesorah :
a.             Aja disarehake dhisik supaya swara ora keprungu ndredheg
b.             Yen mandhek, mati uripe mic aja disebu, cukup dicekel lan dithuthuk alon-alon
c.             Nganggo basa alus nanging ora perlu muluk-muluk supaya gampang ditampa
d.             Cekak aos ora mubeng-mubeng
e.             Tutuk ora tumempel mic
f.              Swara ora perlu seru-seru, cukupan nanging cetha
11.         Pidhato kudu bisa cocog karo : (1) sapa kang sesorah (2) sapa sing ngrungokake (3) apa kang disesorahake (4) Kepriye swasanane (5) apa tujuane.
D.           Budaya Mantu
1.             Jenis-jenise ‘Adat Mantu’
a.             Nontoni : Delengu calon penganten kanthi cedhak.
b.             Nglamar : Calon penganten kakung menehake ubarampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakake pahargyan pengantenan.
c.             Pasang Tarub : Ngawekani menawa tamu kang akehe, pratandha menawa ana kang duwe gawe.
d.             Midodareni : Upacara kang kapisan nyiram calon penganten putri dening wongtuwane minangka pralambang kanggo ngresikake jiwa calon penganten putri
e.             Ijab
f.              Jenang Sungsuman : Sokur amarga wis diparingi gangsar
g.             Boyongan : panganten putri lan panganten kakung diterake dening kulawargane penganten putri menyang kulawargane penganten putra kanthi bareng-bareng
h.             Balangan Suruh : Penganten kakung lan putri kang padha mbalangake suruh, iki pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarane penganten kakunng lan putri
i.               Wiji Dadi : Panganten kakung ngidhak endog pitik nganthi pecah, banjur penganten putri misuhi sikil penganten kakung nganggo banyu kembang pralambang penganten kakung bakal dadi pengarsane kluwarga lan ngabdine penganten putri minangka garwa.
j.               Sinduran : Awake penganten sakloron disampirake kain sindur ing pucuke digonceki dening wong tuwa kakunge penganten putri, banjur wong tuwa putri ngetutake saka mburi kanthu mlaku alon. Pralmbang sakloron wis ditimpa dadi kulawarga.
k.             Bobot Timbang : pinanganten lungguh ing pangkonane bapake penganten putri. Pralambang katresnane wong tuwa marang anak padha karo mantu.
l.               Kacar kucur : Penganten kakung maringake kacang,dhele,beras, kembang, lan dhuwit recehan kanthu gunging genep marang penganten putri. Penganten kakung maringi kabeh blanja marang garwane. Panganten wadon nampa kanthi bungahing manah ing salembar gombal putih kang didelehake ing dhuwure klasa tuwa ing pangkone sing wadon. Tegese wong wadon bakal dadi wong apik lan ngati-ati.
m.           Dhahar klimah : Penganten sakloron dulang-dulangan, dibacutake toya wening. Pralambang penganten kudu isa urip susah seneng bebarengan.
n.             Sungkeman : Sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa kekalih.
o.             Kirab : arak-arakan putri dhomas, cucuk lampah, lan kulawarga kanggo mapag utawa ngiringi penganten arep jengkar saka papan panggih uga mlebu papan panggih.
2.             Ubarampe adat mantu :
a.             Tarub : “ditata dimen murub”
b.             Blekketepe : “Yen wis ditumplek bleg, rakete peni.”
c.             Ron apa-apa : “Slamet aja ana alangan apa-apa”
d.             Ron Kluwih : sakabehane bisa luwih
e.             Ron Rongin : Lambanging pangayoman
f.              Janur “Sejatine nur.”
g.             Pisang raja suluh : Kajen kayadene raja
h.             Tebu wulung : “Anteping kalbu wujuding lelungan.”
i.               Cengki gadhing : kenceng ing pikir, lambange suci, resik, mikir becik lan jujur, tandha kasucen lan tetege ati.



K

E.            Aksara Rekan
1.             Aksara rekan : aksara kang maune durung ana, nanging kanggo nyukupi kabutuhan banjung direka-reka dadi ana.

 

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.