RANGKUMAN BAHASA JAWA
1.
Paugeran
lan Basa ing Tembang Macapat
a.
Pada
: ing Basa Indonesia diarani ‘bait’,
yaiku cacahe larik saben sapada tembang.
b.
Guru
Gatra : Utawa kena diarani gatra yaiku larikan sajroning tembang sapada.
c.
Guru
Lagu : timbaning suara vokal / menga (a,i,u,e,o) ing wanda pungkasane gatra.
Ing Basa Indonesia diarani ‘persajaan’ nanging ning kene dijupuk swara vokal
wae.
d.
Guru
Wilangan : Cacahing wanda saben gatra.
e.
Guru
Sastra : Panggandenge tetembungan kang kapener pedhotan sajroning gatra supaya
surasana tembung ora ilang.
2.
Identifikasi
Tembang Pocung
Ngelmu
iku kalakone kanthi laku.
Lekase
lawan kas
Tegese
kas nyantosani
Setya
budya pangekese durangkara
a.
Guru
Gatra ana 4
b.
Guru
Wilangan : 12-6-8-12
c.
Guru Lagu
: u-a-i-a
3.
Cangkriman
a.
Cangkriman
: rumpakan utawa unen-unen kang kudu dibatang utawa di bedhek maksude.
b.
Jenis-jenise
Cangkriman :
·
Wancahan
o
Tuladha
§ Wiwawite , lesbadhonge : uwi dawa uwite,
tales amba godhonge
·
Irib-iriban
:
o
Tuladha
§ Sega sakepel dirubung tinggi : Salak
·
Blenderan
:
o
Tuladha
§ Wah wingi pasar ana geger-gegeran. Wong
adhol pithik padha disrimpungi, wong adol klambi dikepruki, wong adol tempe
diwudani, wong adhol mbako di wudani.
·
Cangkriman
ing Tembang
o
Tuladha
Bapak Pocung dudu mega dudu mendhung
Dawa kaya ula
Ancik-ancik wesi miring
Lunga teka si pocung ngumbar swara
B.
Novel
1.
Tembung
novel asale saka basa italia ‘Novies’ uga saka basa Latin ‘Novellus’ kang
tegese anyar. Novel iku wujude karya sastra kang dawa / rowa lan wujude gancaran.
2.
Jenise
Novel :
a.
Advontur
: Isini crita ing sawijining paraga lumantar alure crita kang kronologis saka A
nganti Z
b.
Psikologis
: Kanggo sakebehane pikiran-pikiran saka para paraga.
c.
Detektif
: Ceritane khusus kanggo usaha goleki bukti, kanthi cara paraga utawa
tandha-tandha.
d.
Sosial
Politik : Menehi gambaran antarane golongan kang memusuhan ing sawijing wektu.
3.
Titikan
Novel :
a.
Tembung
luwih saka 35.000
b.
Suwening
wektu kanggo maca novel kang cepet saora-orane 2 jam.
c.
Gunggunge
kaca wetara 100 kaca
d.
Gumenthung
ing para lan menawa luwih saka saparaga
e.
Critane
luwih saka siji impresi, efek lan emosi
f.
Ceritane
dawa
g.
Seleksine
cerita jembar
h.
Alur ora
cepet
i.
Ora cekak
aos ning akeh tembung utawa ukara kang dibola-baleni.
4.
Unsur
Intrinsik Novel :
a.
Paraga :
kang ngalami kadadean utawa kang kerep sinebut ing maneka kedadean ing carita.
b.
Alur :
lumakune carita lumantar kadadean-kadadean saengga dadi crita kang utuh.
c.
Latar :
setting ing karya fiksi kang arupa papan, wektu utawa kadadean, sarta duweni
fungsi fisikal lan fungsi psikologis.
d.
Sudut
Pandang : Carane pengarang maparake para paraga ing sajroning carita kang
dilakoni.
e.
Gaya :
Cara pengarang nyritake migunake basa kang endah.
f.
Majas :
pamilihan tembung kanthi cara individual, frasa, klausa, ukara, lan nganti
wacana jangkep.
g.
Tema :
Gagasan kang dadi dasare sawijining crita saengga minangka fondasine pengarang
nalika nyritake karya fiksi kang dikarang.
h.
Wewatakan
: Tandha-tandha fisik non fisik saka paraga crita.
i.
Amanat :
Pesen utawa bobot ajining crita.
5.
Unsur
Ekstrinsik :
a.
Agama
b.
Moral
c.
Budaya
d.
Sosial
e.
Spirit
f.
Estetika
C.
Sesorahan
1.
Sesorahan
: Micara utawa nglairake gagasan, panemu saran lisan ing sangarepe wong akeh.
2.
Jinise
lan ancase sesorah :
a.
Sesorah
lan medhar sabda : Tembung kang digunakake kanggo opo wae kang sifate umum.
b.
Ular-ular
/ wasita adi : Sesorahan kang ancas lan isine babagan kautamaan, pitutur becik,
lan sapat nunggalipun.
c.
Pambagyaharja
: Sesorah kang ancas lan isine kanggo nampa rawuhe para tamu
d.
Tanggap
Sabda : Sesorah kang ancas lan isine kanggo nanggapi ature pambagyaharja
e.
Khotbah :
Sesorah kang ancas lan isine mligi babagan agama
3.
Tujuane
Sesorah :
a.
Ngaturake
pambagya
b.
Ngaturi
kabar / pawarta / informasi
c.
Atur
lelipur
d.
Ngengajak
4.
Struktur
Sesorah :
a.
Salam
pambuka : uluk salam miturut agama kang dianut utawa njumbuhake marang kang
ngrungokake sesorah
b.
Purwaka :
Ngemot atur pakurmatan, mgonjukake puji syukur marang Gusti, atur panuwun
marang para rawuh utawa tamu
c.
Surasa
basa / isi / wigatining atur : wose sesorah, bisa tanggap wacana bisa
pambagyaharja, uga bisa sesorah liyane.
Isini surasa biasa iku underan bab kang di wedharake.
d.
Dudutan :
ringkesan isine sesorah.
e.
Pesen /
pangarep-arep : Bab-bab sing dipesenake utawa dikarepake kanthi anane sesorah
kang wis diwedharake.
f.
Wasana
basa : Biyasane atur panuwun lan nyuwun pangapura tumrap sakabehe kaluputan
sasuwene medharake sesorah.
g.
Salam
Panutup : Atur panutup
5. Metodhe / carane Sesorah :
a.
Metodhe
Maca : Nindakake sesorah kanthi maca teks sesorah kang wis disiyapake
sadurunge.
b.
Metodhe
Ngapalake : Nyiapake teks sesorah kang jangkep luwih dhisik sadurunge nindakake
sesorah banjur kaapalake.
c.
Metode
Ekstemporan : Nyepakake tulisan kang dadi rangangan / cengkorongane sesorah.
d.
Metode
Impromptu : Serta merta tegese nindakake sesorah tanpa ana persiyapan apa-apa.
6.
Carane
gawe sesorah :
a.
Nemtokake
temane sesorah
b.
Nemtokake
ancase sesorah
c.
Ngumpulake
bahan sesorah
d.
Gawe
cengkorongan sesorah
e.
Gawe
naskah sesorah saka cengkorongan mau
f.
Mangerteni
wong kang ngrongoake
g.
Gladhen
kanthi nyuwara
7.
Kajaba
saka bab ing dhuwur, nalika nulis teks sesorah yang kudu nggambarake utawa
ngentha-entah bab-bab ing ngisor iki, kayata :
a.
Eling
marang tujuwane sesorah
b.
Ngayati
isine sesorah
c.
Nandhesake
pokok-pokok kang dadi bakune sesorah
d.
Ngerti
bab-bab kang mung dadi tambahan sesorah
8.
Sing
diperhatike nalika maca sesorah :
a.
Basa :
Basa sing digunakake kudu cocog / laras karo sing diadhepi
b.
Busana :
Sesorah prayogane migunakake busana kang becik lan sopan.
c.
Swara :
Swara kudu kepenak dirungakake
d.
Solah
bawa : Wong sesorah kudu manteb lan teteg, mandhep, madhep marang pamriksa, tangan
ngapurancang, aja tumungkul lan aja ndhangak.
9.
Cak-cakane
sikap lan bab-bab liya kang perlu di gatekake nalika nindhakake sesorah :
a.
Ngadeg
jejeg kanthi kapitayan
b.
Ulat
nyenengake
c.
Obahing
sarira prasaja nanging tumanja
d.
Swara ora
keseron nanging ora kelirihen
e.
Wiramaning
swara kepenak lan pas saengga kepenak dirungokake
f.
Intonasi
lan pamunggele tembung pas lan trep saengga maknane ukara bisa gampang
dimangerteni
g.
Bisa
njumbuhake karo kahanan lan swanane
10.
Pantangan
nalika maca sesorah :
a.
Aja
disarehake dhisik supaya swara ora keprungu ndredheg
b.
Yen
mandhek, mati uripe mic aja disebu, cukup dicekel lan dithuthuk alon-alon
c.
Nganggo
basa alus nanging ora perlu muluk-muluk supaya gampang ditampa
d.
Cekak aos
ora mubeng-mubeng
e.
Tutuk ora
tumempel mic
f.
Swara ora
perlu seru-seru, cukupan nanging cetha
11.
Pidhato
kudu bisa cocog karo : (1) sapa kang sesorah (2) sapa sing ngrungokake (3) apa
kang disesorahake (4) Kepriye swasanane (5) apa tujuane.
D.
Budaya Mantu
1.
Jenis-jenise
‘Adat Mantu’
a.
Nontoni :
Delengu calon penganten kanthi cedhak.
b.
Nglamar :
Calon penganten kakung menehake ubarampe lan ragat sing bakal kanggo
ngleksanakake pahargyan pengantenan.
c.
Pasang
Tarub : Ngawekani menawa tamu kang akehe, pratandha menawa ana kang duwe gawe.
d.
Midodareni
: Upacara kang kapisan nyiram calon penganten putri dening wongtuwane minangka
pralambang kanggo ngresikake jiwa calon penganten putri
e.
Ijab
f.
Jenang
Sungsuman : Sokur amarga wis diparingi gangsar
g.
Boyongan
: panganten putri lan panganten kakung diterake dening kulawargane penganten
putri menyang kulawargane penganten putra kanthi bareng-bareng
h.
Balangan
Suruh : Penganten kakung lan putri kang padha mbalangake suruh, iki pralambang
sih katresnan lan kasetyan ing antarane penganten kakunng lan putri
i.
Wiji Dadi
: Panganten kakung ngidhak endog pitik nganthi pecah, banjur penganten putri
misuhi sikil penganten kakung nganggo banyu kembang pralambang penganten kakung
bakal dadi pengarsane kluwarga lan ngabdine penganten putri minangka garwa.
j.
Sinduran
: Awake penganten sakloron disampirake kain sindur ing pucuke digonceki dening
wong tuwa kakunge penganten putri, banjur wong tuwa putri ngetutake saka mburi
kanthu mlaku alon. Pralmbang sakloron wis ditimpa dadi kulawarga.
k.
Bobot
Timbang : pinanganten lungguh ing pangkonane bapake penganten putri. Pralambang
katresnane wong tuwa marang anak padha karo mantu.
l.
Kacar
kucur : Penganten kakung maringake kacang,dhele,beras, kembang, lan dhuwit
recehan kanthu gunging genep marang penganten putri. Penganten kakung maringi
kabeh blanja marang garwane. Panganten wadon nampa kanthi bungahing manah ing
salembar gombal putih kang didelehake ing dhuwure klasa tuwa ing pangkone sing
wadon. Tegese wong wadon bakal dadi wong apik lan ngati-ati.
m.
Dhahar
klimah : Penganten sakloron dulang-dulangan, dibacutake toya wening. Pralambang
penganten kudu isa urip susah seneng bebarengan.
n.
Sungkeman
: Sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa kekalih.
o.
Kirab :
arak-arakan putri dhomas, cucuk lampah, lan kulawarga kanggo mapag utawa
ngiringi penganten arep jengkar saka papan panggih uga mlebu papan panggih.
2.
Ubarampe
adat mantu :
a.
Tarub :
“ditata dimen murub”
b.
Blekketepe
: “Yen wis ditumplek bleg, rakete peni.”
c.
Ron
apa-apa : “Slamet aja ana alangan apa-apa”
d.
Ron
Kluwih : sakabehane bisa luwih
e.
Ron
Rongin : Lambanging pangayoman
f.
Janur
“Sejatine nur.”
g.
Pisang
raja suluh : Kajen kayadene raja
h.
Tebu
wulung : “Anteping kalbu wujuding lelungan.”
i.
Cengki
gadhing : kenceng ing pikir, lambange suci, resik, mikir becik lan jujur,
tandha kasucen lan tetege ati.
K
E.
Aksara Rekan
1.
Aksara
rekan : aksara kang maune durung ana, nanging kanggo nyukupi kabutuhan banjung
direka-reka dadi ana.
Tidak ada komentar: