Dialog Bahasa Jawa tentang Adat (Bahasa Krama)


Dialog Bahasa Jawa

Ismi            : “Assalamualaikum”
Wulan         : “Walaikumsalam. Enten punapa mggih?”
Ismi            : “Kula badhe sanjang, menawi benjang dinten Minggu wonten acara sekaten.”
Ratri           : “Sekaten niku punapa nggih?”
Wulan         : “Sekaten inggih menika acara mengeti ambal warsanipun Nabi Muhammad s.a.w.”
Ratri           : “Kapan diwontenaken upacara sekaten?”
Ismi            : “Tanggal 5 sasi Jawa Mulud, utawi Rabiul Awal tahun Hijriah.”
Ratri           : “Oh... ngoten. Sinten ingkang ngawontenaken upacara sekaten kala mbiyen?”
Wulan         : “Diwontenaken kalih Sri Sultan Hamengkubuwono I pandiri keraton Yogyakarta. La susunan acaranipun punapa mawon nggih?”
Ismi            : “Ingkang dinten sepisan upacara diwiwiti ing dinten dalu kalih iring-iringan abdi dalem lan set gamelan.”
Ratri           : “Kapan gamelan iku badhe dipunwiwiti?”
Wulan         : “Dipunwiwiti ngantos tanggal 11 wulan Mulud dangunipun 7 dinten katurut-turut.”
Ratri           : “Sesampunipun acara niku, wonten acara apa malih?”
Ismi            : “Kalih dinten sakderengipun acara Grebeg Muludan wonten upacara Tumplak Wajik.”
Wulan         : “Punapa niku acara Grebeg Muludan?”
Ismi            : “Grebeg Muludan niku acara pucuk sekaten ingkang wonten gunungan kadamel saking beras ketan, buah-buahan, maeman, sarta sayur-sayuran.”
Ratri           : “Maeman wonten gunungan menika angsal dipunpundhuti?”
Ismi            : “Angsal. Monggo kula dipunrencangi!”
Wulan         : “Kula boten saged. Monggo Rat Ismi dipunrencangi!”
Ratri           : “Inggih Wul, kula badhe ngajak tiyang sanesipun.”
Ismi            : “Nggihpun, menawi ngoten kula pamit rumiyen. Assalamulaikum.”
Wulan         : “Walaikumsalam.”

Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.