BUDHAYA MANTU MENGGUNAKAN BAHASA KRAMA


TUGAS MAKALAH BAHASA JAWA
BUDHAYA MANTU


Listia Wahyu Tri Wulandari
XI IPS 3
22

SMA NEGERI 1 SEMARANG
2018/2019


Atur Prawacana
  
  Nuwun
            Ngaturaken sembah lan sujud syukur mugi katamphi wonten ngarsaning Gusti kang Maha Agung, amargi kanthi berkah lan pitulunganipun Gusti tugas Makalah Budaya Mantu punika saget purna kasusun.
Tugas punika kawula susun kanthi temen lan estu kagem netepi lan njangkepi  tugas Makalah piwulangan waseso jawi, lan wonten pinten-pinten pitulungan saking rencang, kerabat lan pangucal sahinggo saget purna kanthi sae lan endah.
Sedanten seratan meniko mboten estu lumrah hak leres, kagem nyampurna aken sedanten klenta-klentu lan kiranganipun tulisan menika pramilo panyaruwe saha panyendu tansah kula anthi-anthi saking sinten ke mawon ingkang maos.
Mugi-mugi seratan menika saget paring manfaat lan ngelmu ingkang manfaat kagem sedanten ingkang maos seratan meniko, sugeng maos.



















Daftar isi


Halaman Judul................................................................................................................... 1
Atur Prawacana................................................................................................................. 2
Daftar Isi............................................................................................................................ 3
BAB 1
1.1 Wigatosing Rembag.................................................................................................... 4
1.1  Kakajen Ingkang Dipun Rembag................................................................................ 4
1.3 Manfaat Panulisan....................................................................................................... 4
BAB 2
2.1 Wosing Pirembagan.................................................................................................... 5
      Wosing Pirembagan (2)............................................................................................... 6
      Wosing Pirembagan (3)............................................................................................... 7
BAB 3
3.1 Dudutan....................................................................................................................... 8
3.2 Piweling...................................................................................................................... 8
Lampiran........................................................................................................................... 9
Daftar Pustaka................................................................................................................. 11
















BAB I
PAMBUKA

1.2  Wigatosing Rembag
Adat tradisi jawa samenika sampun kalestarekaken dhateng masyarakat, salah satunggaling  Inggih menika upacara adat mantu. Para tiyang sepuh ingkang nggadhahi putra-putri kang sampun siap ameh-amehan kedah mangertosi lan migunakake rerakaning cak-cakaning tatacara adatingkang sampun kasusun dening budaya. Mila saking menika, ing makalah punika kita badhe
Jlentrehaken menapa kemawon ingkang kedhah dimangertosi wonten ing upacara adat mantu punika.

1.3  Kakajen Ingkang Dipun Rembag
a.       Punapa tegesipun upacara adat mantu Punika?
b.      Punapa kemawon rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu?
c.       Punapa kemawon cak- cakaning tata cara wonten ing adat mantu menika?

1.4  Manfaat Panulisan
a.       Mangertosi tegesipun upacara adat mantu
b.      Mangertosi rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu.
c.       Mangertosi cak-cakaning tatacarawonten ing adat mantu.












BAB II
WOSING PIREMBAGAN

Upacara Adat Mantu Mantu dipuntegesi kagungan damel ngemah- emahaken putra putrinipun ingkang sampun diwasa. Dipunarani ngemah- emahaken amargi nyawijekaken putrinipun (prawan) kaliyan jejaka, lajeng manggen wonten ing satunggaling panggenan/ tunggal griya lan gesang sesarengan ing madyaning bebrayan. Manunggaling prawan lan jejaka wonten ing bebrayan saged mawohaken kabagyan, kamulyan lan putra ingkang bakal nerusaken keturunanipun. Miturut tata cara adat jawa, saderengipun mantu, dipunwiwiti rerangkening tata cara, inggih menika :

2.1.1.                  Lamaran
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalèmé calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putrid setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
2.1.2.                  Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.
2.1.3.                  Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa  indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari. Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat. Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje- seje neng saben dhaerah,kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.

2.1.4.                  Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.
2.1.5.                  Ijab Kabul
yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji nang ngendi kuwi di delok karo wong akeh kanggo saksi yen wong loro kuwi nikahe sah.
2.1.6.                  Upacara panggih
Upacara panggih Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
2.1.7.                  Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
2.1.8.                  Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.
2.1.9.                  Pupuk
Ibu penganten putrid ngusap-usap sirah/ mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.
2.1.10.              Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.
2.1.11.              Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.
2.1.12.              Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putrid minongko perlambang paweh nafkah.isine kedelai,kacang tanah,bengkle beras
2.1.13.              Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
2.1.14.              Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
2.1.15.              Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
2.1.16.              Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.
a.         Dekorasi
Dekorasi dipasang wonten dhalemipun ingkang gadhah dhamel,wernane wonten kathah.
b.        Tarub
Saking bahasa NATA (mengatur) lan URUB (nyala api) masang tarub gumantung wonten dhalemipun ingkang gadhah dalem punika.
c.         Pemaes
upacara paesing calon penganten putri ing wanci sabibaripun upacara siraman,kajibahan ditindhakke juru paes utawi dhukun pengantin
2.1.17.              Ugi pirsani
Ningali calon penganten putri  ing griya tiyang sepuhipun.



BAB III
PANUTUP

3.1.Dudutan
a)      Mantu inggih menika kagungan damel ngemah-emahaken putra putrinipun ingkang sampun diwasa.
b)      Rerangkening tatacara adat jawa saderengipun mantu inggih menika:
1.                  Lamaran
2.                  Siraman
3.                  Midodaren
4.                  Srah-srahan
5.                  Ijab kabul
6.                  Upacara panggih
7.                  Upacara balangan suruh
8.                  Upacara wiji dadi
9.                  Pupuk
10.              Sinduran
11.              Timbang
12.              Kacar-kucur
13.              Dahar Klimah
14.              Mertui
15.              Sungkeman
16.              Kenduren / resepsi
17.              Uga pirsani
3.2.     Piweling
Kangge generasi mudha supados saged mangerteni lan nglestarekaken adat tradisi jawa, utamanipun adat upacara tatacara mantu ing masyarakat. Samenika nggadhahi manfaat sanget kagem para tiyang sepuh ingkang badhe gadhah damel kangge putra- putrinipun.
Lampiran








 









 

Daftar Pustaka


Tidak ada komentar:

Diberdayakan oleh Blogger.